Rabu, 22 Desember 2010

NDULU KUWASA, RUSAKING TATA

NDULU KUWASA, RUSAKING TATA

Mas Kumitir | December 14, 2010 at 3:28 pm | Categories: NDULU KUWASA RUSAKING TATA | URL: http://wp.me/pciD9-Fa

Dening Tangkisan Letug Sumber-sumbering memala ana ing urip bebrayan agung,
aja padha lali padha gatekna,
yen ta melik marang kuwasa dadi telenging pambudi.
Sing rusak ora ta mung agama,
kang samesthine dadi ageming dhiri,
nanging uga paseduluran sanyata.
Saiki padha delengen,
wong-wong kang nguyak kuwasa,
mung mligi ndulu urmat lan kursi,
nganti wani padha crah karo sanak kulawarga,
sedulur mungsuh sedulur padha jegal-jegalan,
ponakan mungsuh paman,
kyai mungsuh kyai ora perduli duk wingi-wingi
disengkuyung amargi patuladhane sujud mring Gusti.
Yen wis ngono,
endi ana agama dadi sumbering darma
dadi manungsa titah njembarake tresna.
Poltitik wis mung dadi siasat golek kuwasa
dudu mbebabangun bebrayan agung
conkrah bubrahing tali paseduluran
wis dianggep lumrah.
O, apa iya iki pancene kang wis
sineratake dening Jayabaya
jamane kali ilang kedhunge,
pasar ilang kumandhange
lan urip bebrayan ilang pasedulurane.
Yen mangkono, haiya luwih becik,
bali mlebu senthonging urip
ngugemi jatining agama
ngorong tuwuhing tresna sapadha-padha
jer Pangeran kang mahakuwasa
ora sudi manungsa tumiba ing cintraka
crah bubrah padha ngrusak anggering tresna.
Wis, gageha nyandhak gendera
kibarna donga, kereken tekan mega,
kareben baliya tataning jalma
yen ta manungsa iku tunggal brayat
titahing kang Kuwasa Siji lan tan kena kinaya apa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar